Tuesday, March 16, 2010

Nasehat mbah buat si bujang

"Jang ... awakmu kok durung rabi-rabi to ?! Ngenteni opo maneh ?! masio-o gak gantheng, awakmu kan yo gak elek-elek nemen to. Wis nyambut gawe maneh".
"Durung onok sik cocok, mbah. Dongakno po-o".
"Ngene lo, jang ... masio-o wong lanang kuwi gak onok kedaluwarsane, ning lek wis nyambut gawe ndang ngo nggolek bojo. Lek kesuwen, engko duit e lek gur entek dadi tai, ... yo kadang-kadang iso dadi beluk pisan lek arek-e doyan ngrokok. Ning lek wis rabi, ... cukup ra cukup, pasti cukup. Naa ... lek wis duwe anak, ... cukup ora cukup, pasti iso nyelengi. Ngono, Jang ..."
"Temen ta, mbah ?!?! wah ... iki asik iki ..."
"Terus-terus, mbah ..."
"Golek bojo kuwi ojo dipadakno karo golek pacar. Iku seje bab, Jang ... kathek banget. Golek bojo kuwi koyo-koyo-o milih kucing dalam karung. Lek dibuka tibak-e lemu, bejone awakmu. Lek kuru, yo diingoni dhisek ngantek dadi lemu ginduk-ginduk. Sing penting lek kucing. Ojo ngantek nggolek kucing, metune kambing opo maneh unto. Goblok-e awak, Jang"
"Dadi ... ehm ... ehm ... sak jane si mbah pingin ngomong wokeh, Jang ... ning iki weteng kok kroso mules yo ?!?! Si mbah tak boker sik yo. Mene-mene wae di sambung maneh"
"Loh, mbah ... wahh ... kaco ! si mbah ga asik !!! ..."
"Pokok-e intine ... ora usah keakehan milih !!!! ..."
"Loh, mbah !!!! ... jelase piye !!! ... aku durung dong !!! ..."
"Wis mboh !!!! ..."

Artikel terkait :

Submit your 
content Every Day to 25 social 
bookmarking sites, all on unique 
C class IPs... FREE.