Tuesday, March 16, 2010

Nasehat mbah buat si bujang yang bingung

"Mbah ... aku oleh tekon ?"
"Tekon opo, Jang ? Ojo angel-angel yo. Opo maneh lek gur ngetes tok. Males yo"
"Iki serius, mbah. Piye carane nggolek jodoh ?!?!"
"Oo ... kuwi to. Carane ono reno telu, Jang. Sing pertama, gonta-ganti pacar. Renteng wedok-an rono-rene sampe nemu sing awakmu roso cocok. Sing ke loro, njaluk langsung wae neng pak ustadz. Enak. Engko langsung didhudohi sak pirang2 foto arek wedok sing siap rabi. Awakmu karek milih sing ketok-ketok-e mening, trus engko sowan neng arek-e karo pak ustadz sing dadi murobi mu. Lek cocok ... langsung gampang dadine. Sing ke telu, naa ... iki emang rodo angel, Jang. Awakmu kudu rutin solat bengi, mergane langsung njaluk nang Gusti Pengeran. Dadi, lek awan wis ga perlu tebar pesona maneh. Seranganmu yo pas bengi kuwi. Emang sih, resikone, sinyal-sinyal cintamu dadi rodo lemah. Lha wong di sebar ke seluruh alam semesta, nggak lek gur neng kantor ... kampung ... opo maneh warung kopi. Trus sopo sing iso nangkep sinyal cintamu sing lemah kuwi ?"
"iyo ... sopo yo, mbah ..."
"kon iku ... pancet wae. Yo jelas arek wedhok sing duwe receiver nomor satu sing iso nangkep sinyalmu"
"wah ... iso suwi iku"
"ga. ga suwi. malah cepet"
"kok iso mbah ... wahhh ...asik2. Wis ono sing berhasil ta, mbah ?!"
"aduh ... mbah kok kroso mule maneh le ?!?! tak tinggal sik yo ..."

Artikel terkait :

Submit your 
content Every Day to 25 social 
bookmarking sites, all on unique 
C class IPs... FREE.